“KEBERSIHAN
SEKOLAH”
Assalamualaikum
Wr.Wb
Bapak
kepala sekolah SMP Negeri 5 Pasuruan ingkang kula hormati lan bapak/ibu guru
ingkang kula hormati ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo kita
sedaya ngaturake puji syukur dhumateng Gusti Allah S.W.T ingkang sampun
maringake sedaya nikmat lan kewarasan dhateng kita sedaya dumagi saget kempal
wonten ing acara rapat kebersihan sekolah .
Kula
badhe medarake babagan kebersihan lingkungan. Keresikan lingkungan wigatos
diutamaaken amarga lingkungan niku panggenan kangge kita sedaya, sehingga kita saget njagi kebersihan lingkungan punika
supaya dados panggenan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi keresikan
lingkungan punika salah sajining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka
penyakait.
Kita
selaku warga sekolah saget nerapake keresikan lingkungan ing lingkungan sekolah
SMP Negeri 5. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik ugi ingkang angsal
dampak positifipun. Keresikan lingkungan sekolah saget ditindaake kanthi cara
buwang sampah ing panggenan ingkang sampun disediaake, lan numindhakake piket
kelas kanthi teratur.
Cekap
semanten atur kula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafan kula nyuwun
ngapuro.
Wassalammuallaikum
Wr. Wb.